Create New Playlist

Add a cover pic of your own choice

(Optional)

Name

AI Cover Generator

4 credits

Not enough credits (0/4).

Logout

Are you sure you want to Logout?

Close

Rindu Cepu ke Kebumén (Klopo Tuwo) 2 by Zahranita

SongGPT
Rindu Cepu ke Kebumén (Klopo Tuwo) 2 by Zahranita - Prominent Javanese Kendang Koplo music cover art

Rindu Cepu ke Kebumén (Klopo Tuwo) 2

Prominent Javanese Kendang Koplo

0:002:53
Lyrics
Description
soko cepu kutho lengo, tresnaku kegowo lungo
tapel wates tengah jowo, nyebrang wates yog-djokarto
tembus gerbang purworejo, nganti nang kebumén kono
dadi labuhaning djiwo, labuh tresno uggo roggo
layar-ku ke-ggowo angin, nganti tekan bandjarmasin
kedarung nyantol ning bathin, arep ninggal ora mungkin
nanging kangen isih ono, pingin bali menyang jowo
kumpul karo keluargo, sanak kadang ugo tonggo
nanging mung mergo kahanan, mung mbayangkè karo nahan
rinduning kampung halaman, omah tanah pekarangan
klopo tuwo, santenè akéh
ora kroso, wis taunan ora muléh
klopo bathok, di gawè areng
mung sedèlok, nanging dadi tombo kangen
nyedak kènè tak bisiki, ojo nganti uwong ngerti
janè ki mung mergo wedi, numpak kapal numpak féri
opo manéh nang pesawat, atiku kroso mak tratap
embuh piyè ngono kuwi, aku dèwè yo ra ngerti
kenangan tetepo syahdu, cepu tetep ning atiku
nadyan suwè ora temu, kebumén ning kenanganku
klopo tuwo, santenè akéh
ora kroso, wis taunan ora muléh
klopo bathok, di gawè areng
mung sedelok, nanging dadi tombo kangen
klopo cengkir, wernanè ijo
jo dipikir, urip pancen koyo ngono
lengo senthir, lengane potro
jo kuwatir, ora pedhot tali tresno
andum warto, liwat segoro
asal podho, podho waras ora loro
warto apik, dadi pandungo
sing ra apik, ora usah diumumno
nyang kebumén, mampir liwat cepu
kawit mbiyén ora pedhot pandongaku